BLORA | bhayangkaraperdananews.com — Kanggo ngiyatake paseduluran lan rasa gotong royong, Ketua Umum Dulur Sikep Nyawiji, Sariyono alias Uceng, ngajak kabeh sedulur supaya tansah njaga nilai kebersamaan lan semangat urip gotong-royong.
Ing acara ngobrol bareng ing grup, Selasa, 15 September 2026, Sariyono alias Uceng negesake yen filosofi urip wong Jawa, “Urip Ya Urup”, kudu dadi dhasar anggone obah. Tegese, urip iku prasaja, jujur lan trisna marang sapadha-padha, ngugemi laku utami, ngudi tentreming ati, sarta urip sing bisa migunani lan madhangi liyan.
“Awak dhewe iki sedulur, ora mung kumpul-kumpul thok. Nanging kudu nduweni tekat yen urip ya urup, urip iku prasaja, jujur lan trisna marang sapadha-padha, ngugemi laku utami, ngudi tentreming ati,” ujare Uceng ing obrolan grup kasebut.
Miturut panjenengane, Dulur Sikep Nyawiji dudu mung paguyuban, nanging wadah kanggo ngraketake ati, njaga budaya leluhur, lan nandurake rasa tresna marang sesami. Kanthi semangat kebersamaan, samubarang kang abot bakal dadi entheng yen ditanggung bareng-bareng.
Obrolan bareng kasebut uga diisi karo tukar pikiran lan pandonga bebarengan supaya paguyuban saya solid lan bisa menehi manfaat nyata kanggo masyarakat sekitar.
“Mugo-mugo sedulur kabeh tansah guyub rukun, siji ati, siji rasa. Ojo gampang pecah mung merga beda pamikiran. Sing penting njaga paseduluran,” imbuhe.
Kanthi semangat “Urip Ya Urup” sing digawa Sariyono alias Uceng, Dulur Sikep Nyawiji dikarepake bisa dadi tuladha urip bebrayan kang kebak welas asih, andhap asor, lan migunani kanggo nusa lan bangsa. (MBPN-ISMAN)
